Contoh Percakapan Bahasa Jawa Perihal Tata Krama


Contoh Percakapan Bahasa Jawa perihal tata krama
Dinten Kemis siang saksampunipun purna pasinaon, Fitri, Nisa, Irsya, saha Ana sami wangsul pasinaon sareng. Nisa saha Ana mlampah sinambi geguyon saha ngomongake PR Basa Jawa saha IPS, menawi Fitri saha Irsya namung mendel kemawon nggatekaken margi.

Nisa          : “Na.. Ana..”
Ana           : “Ngapa??”
Nisa          : “Mau kuwi ana PR apa wae??”
Ana           : “Mbuh saya yo ra reti.. Sakngertiku namung Basa Jawa.. Karo  
   IPS!!!”
Nisa          : “Sing endi coba??”
Ana           : “Wah kowe kuwi ora tau nggatekake guru yen mulang ya???”
Nisa          : “Nggatekake ya!!! Sing endi we??” (Sinambi nyenggol Ana)
Ana           : “Sing beling 27 tekan 28 kae lho..” (Mbales nyenggol Nisa)

Nisa          : “Wah kowe kuwi mbales!!!”
Ana           : “Kowe dhisik kok!!!”
Nisa          : “Syukur..”
Ana           : “Sing penting kowe dhisik…”
Nisa          : “Ra gelem..”
Ana           : “Kowe kuwi..”
Nisa          : “Ngapa…”

Akhiripun, lare kalih menika senggol-senggolan sinambi geguyon wonten ing tengah margi.

Irsya          : “Eh.. uwis..wis.. Aja padha ngono kuwi!!!”
Nisa          : “Ra oleh po kepriye?? Tekno persoalan nggo kowe??”
Fitri           : “Dudu ngono kuwi, coba saya takon.. Kowe cah loro iku padha
reti tata krama ora??”
Nisa          : “Reti… Karuan Negara ra nglarang!!!”
Irsya          : “Nglarang ya…”
Ana           : “Yo.. Reti ta.. Wis meneng wae ora melu-melu!!!”
Fitri           : “Yoh tak meneng… Mundhak cilaka lan disengeni..”
Nisa          : “Kok cilaka??”
Irsya          : “Mmmmhhh…”
Ana           : “Apa??? Coba ngomong sing jelas…”
Fitri           : “Jarene ra oleh omong??? Dikon meneng???Piye we???”
Nisa          : “Yoh meneng maneh wae…”
Irsya          : “Hm…”

Nisa saha Ana dipunkandhani dening Fitri saha Irsya, nanging menika wau muspra tanpa guna. Nisa saha Ana boten peduli, omonganipun Fitri saha Irsya namung dianggep angin liwat. Ing wekdal menika, wonten kendaraan beroda empat mlampah santer saking wingking lare-lare menika. Nanging, bahayanipun Nisa lan Ana tasih geguyon.

Fitri           : “Awas!!! Minggir!!!”
Nisa          : “Ngapa??”
Irsya          : “Yo minggir!!! Dalane kuwi lagi rame!!!”
Tata           : “Alah… Minggir kuwi adoh.. Mendingan ing kene. Kene kuwi
Godean!!!”
Fitri           : “Dikandhani kok ngeyel… Minggir kuwi mung kulon kono…”
Nisa,         : “Yoh minggir yo…”
Ana
Irsya          : “Na.. Ana… Ana… Aja minggir banget!!! Pinggirmu kali!!!”
Ana           : “Hah??Ngapa ew?? Sing keri apa??” (Sinambi mlaku minggir terus)
Nisa          : “Siji.. Loro.. Telu..”


Byurrrr…. Ana kecemplung wonten ing kalen. Sandhanganipun sami teles.

Ana           : “Aaaaa….. “
Irsya          : “Eh.. Kecemplung kalen..”
Ana           : “Sshhhh….Kabeh teles….
                     Brrrrrrr….. Adem maneh…”
Nisa          : “Mula, dadi wong kuwi sing manut tata krama.. Aja dadi wong
   kang nerak tata karma.. Tuladha aja mlaku sambi geguyon lansenggol-senggolan…”
Fitri           : “Leres sanget apa kang diomongake Nisa..”
Ana           : “Nis, tekno kowe ora nglanggar tata krama yo?? Sing marai
   geguyon kan kowe??? Ngapa koe nyalah-nyalahke aku??(Nunjuk-nunjuk Nisa)
Nisa          : “Hehe…”
Irsya          : “Wis saiki ora wektune geguyon maneh…”
Fitri           : “Ayo Ana ditulungi, mesakake..”

Irsya, Fitri, saha Nisa sesarengan sami nulungi Ana ingkang kecemplung kalen.

Ana           : “Matur nuwun ya wis ditulungi…”
Fitri           : “Ya… Muga-muga kadadean wau dapat dadi pelajaran kanggo awake dhewe..”
Irsya          : “Leres lan kadadean wau uga dapat agawe kita dadi tambah ati ati lan nurut tata
karma…”
Nisa          : “Ora lali, awake dhewe uga kudu percaya karo wong liya…”
Sedaya      : “Hahahaha…”
Ana           : “Ya.. Wiwit saiki komitmen ora bakal nglanggar tata krama ya???”
Sedaya      : “Janji!!!”

Amargi menika, menawi mlampah kudu nggatekake tata krama. Kudu ndelengaken margi, boten sinambi geguyon utawi dolanan. Menawi rugi, sinten ingkang nanggung?? Awake dhewe saha tiyang sanes ingkang nanggung.


Sumber http://gad0-gado.blogspot.com/

Berlangganan Informasi Terbaru:

0 Response to "Contoh Percakapan Bahasa Jawa Perihal Tata Krama"

Posting Komentar